Larangan Estri Ti
Luaran (nikah saking njaba)
Kedadean Perang Bubat milai
saking niat Prabu Hayam Wuruk ingkang badhe ndadosaken putri Dyah Pitaloka Citraresmi saking Negara
Sundha minangka permaisurinipun. Ingkang ndadosaken Hayam Wuruk remen dhateng putri Dyah Pitaloka inggih punika lukisan
ingkang sumebar wonten ing Majapahit, ingkang dilukis meneng-meneng dening
seniman ing wektu punika, aranipun Sungging Prabangkara.
Hayam Wuruk nggadahi niat ndadosaken
permaisuri Dyah Pitaloka dalah alasan politik, inggih punika kagem ngiket
paseduluran kaliyan negara Sundha. Amargi restu saking kaluwarga kerajaan
Majapahit, Hayam Wuruk kirim serat kagem pakurmatan Maharaja Linggabuana kagem
nglamar Dyah Pitaloka. Upacara manten badhe kaleksana wonteng ing Majapahit.
Maharaja Linggabuana banjur tindak
kaliyan brayat Sunda ing Majapahit . Maharaja Linggabuana sak brayat ditampi
lan disumanggakaken wonten ing
Pasanggrahan Bubat. Raja Sundha rawuh ing Pasanggrahan Bubat sesarengan permaisurinipun lan putri
Dyah Pitaloka lan den iringi dening prajurit.
Miturut Kidung Sundayana, Mahapatih
Gajah Mada nggadahi niat kagem nguwasani Kerajan Sundha. Gajah Mada pinanggih
Sumpah Palapa kang dipundamel ing periode sakderengipun Hayam Wuruk minggah
tahta, amargi saking werni-werni kerajaan wonten ing Nusantara ingkang sampun
dentaklukaken Majapahit, namung kerajaan Sundha ingkang dereng dipunkuasani.
Kanthi sasaran punika, Gajah Mada
ndamel alesan kagem nganggep ingkang rawuh saking Sundha wonten ing
Pesanggrahan Bubat punika werni panyerahan Kerajaan Sunda dhumateng Majapahit.
Gajah Mada nyuwun kanthi sanget dhumateng Hayam Wuruk kagem nampi Dyah Pitaloka
mboten minangka pinangantenipun, nanging minangka tandha saking pangajuan lan
pengakuan kaunggulan Majapahit saking kerajaan Sunda ing Nusantar a. Hayam
Wuruk bingung dhateng masalah kasebut, amergi Gajah Mada punika mahapatih
ingkang dipun andalaken Majapahit ing wektu punika.
Versi liya nyebutaken yen Prabu
Hayam Wuruk wiwit kanak-kanak sampun kadhapukaken kaliyan ponakanipun inggih
punika Putri Sekartaji utawi Dewi Hindu.
Satemah Hayam Wuruk kedah nikah kaliyan dewi Hindu nalika Dyah Pitaloka namung
dianggep tandha saking pengajuan.
Padjadjaran mboten kersa nalika rawuh dhateng Majapahit namung dipun
anggep nyerahkaken Dyah Pitaloka minangka pangajuan. Banjur wonten kedadean
regejegan antaranipun utusan Linggabuana kaliyan Gajah Mada.
Regejegan dipun pungkasi kaliyan di
ipat-ipatipun Gajah Mada dening utusan Negeri Sunda inkang kaget bilih
rawuhipun namung kagem menehaken pratondo nyerah lan ngakeni kaunggulan
Majapahit, mboten amergi saking undhangan sakderengipun. Nanging Gajah Mada
tetep ing posisi aslinipun.
Hayam Wuruk paring sawijining
kaputusan, nanging Gajah Mada sampun nugasaken pasukan wonten ing Pesanggrahan
Bubat lan kaancam kagem ngakeni kaunggulan Majapahit. Supados bisa njaga
kinurmatan minangka Ksatria Sundha, Linggabuana nolak.
Perang antaranipun Gajah Mada
kaliyan pasukanipun ingkang jumlahipun kathah, marang Linggabuana kaliyan
pasukan pengawal kerajaan (Balamati) ingkang jumlahipun sekedhik sarta para
pejabat lan mentri ingkang ndherek
undhangan wau. Kedadean punika dipun pungkasi kaliyan sedanipun Raja
Linggabuana, para menteri, pejabat kerajaan lan sekabehanipun kaluwarga
kerajaan Sunda ing PesanggrahanBubat.
Tradisi ngendikakaken bilih putri
Dyah Pitaloka kaliyan duka atinipun napa
pati utawi lampus kagem mbela pakurmatan saking bangsa lan negaranipun. Miturut
tumindak lan nilai-nilai saking kasta ksatria, lampus ritual ingkang dipunlampahi
dening wanita Kasta kasebat yen tiyang kakungipun sampun gugur. Tumindak wau
samesthine kagem mbela kamulyan ugi kagem nglindhungi kasucian dhiri, ingkang
sampun madhep ing kamungkinan saking rudo pekso, buron, utawi diperbudak.
Hayam Wuruk banjur nangisi sedanipun
Dyah Pitaloka. Minangka asil saking kedadean Bubat wau, paseduluran Hayam Wuruk
kaliyan Gajah Mada tebih. Gajah Mada piyambak madhep musuh, anggepan, lan
kecaman saking pejabat lan bangsawan Majapahit, amargi tumindakipun ingkang
dianggep sembrono. Mahapatih Gajah Mada dianggep banget kandelipun lan mboten
ngatos-atos dening raos ingkang Makuta, Prabu Hayam Wuruk.
Kedadean saking perang Bubat ugi
ngrusak paseduluran anataranipun Majapahit lan Padjadjaran utawi Sundha.
Paseduluran Sunda-Majapahit mboten mbalek minangka sakderengipun.
Pangeran Niskalawastu Kancana,
rayinipun Dyah Pitaloka ingkang tetep ing kraton Kawali lan mboten ndherek
rawuh menyang Majapahit ngancani kulawarga amargi taksih alit, lan dados namung
keturunan Raja ingkang taksih gesang lan sakbanjuripun badhe minggah tahta
dados Prabu Niskalawastu Kancana.
Kawicaksanan Pangeran Niskalawastu
Kancana antaranipun inggih punika mungkasi paseduluran kaliyan Majapahit lan nerapaken winates ing
paseduluran negara kekalih. Minangka asil saking kedadean punika ugi, wonten
ing satengahing sanak Sunda dileksanakaken peraturan dipun larang estri ti luaran (nikah saking njaba),
isinipun inggih punika mboten angsal nikah saking njaba sedherek Sundha, utawi
sawetara ngendika mboten saged nikah kaliyan sedherek Majapahit. Angger-angger
punika banjur luwih wiyar minangka larangan dening tiyang Sundha nikah kaliyan
tiyang Jawa.
Tindakanipun Raja Sunda lan putri
Dyah Pitaloka kagem mundhut tindakan napa pati dipun ajeni dening tiyang Sundha
lan dianggep minangka teladan. Raja Linggabuana dipun arani ‘Prabu Wangi'
(Sunda: raja ingkang wangi ambunipun) kerana mbelani negaranipun. Turunanipun,
raja Sundha dipun juluki Siliwangi ingkang diarani asalipun saking tembung
Silih Wangi ingkang tegesipun panggantos, pewaris utawi penerus Prabu Wangi.
Sawetara reaksi kasebat nggambaraken
kuciwo lan nesunipun tiyang Sundha dening Majapahit, sentimen ingkang dados
pesaingan lan munsuhan antaranipun Sundha lan Jawa ingkang sawetara taksih
tetep ngantos wekdal sakmenika. Antaranipun, wonten ing kutha Bandung, Jawa
Kilen lan minangka pusat budaya Sunda, mboten wonten dalan ingkang naminipun
'Gajah Mada' utawi 'Majapahit’. Senajan Gajah Mada dianggep pahlawan nasional
Indonesia, tiyang Sunda nimbang bilih anggepan wau mboten cecek amergi
tumindakipun Gajah Mada ingkang dianggep mboten samesthinipun ing kedadean
punika.
Translate by: Eka Nurul Hidayati -_-
Tidak ada komentar:
Posting Komentar